Tumpeng yaiku sega kang bentuké kerucut
kanthi werna-werna lauk pauk. Tumpeng dihidangké ing tampah kang arupa nampan
gedhé, bunder, saka anyaman pring. Tumpeng biyasané dienggo ing upacara
tradisional. Tumpeng ing ritual Jawa ana macem-macem jinisé, ana tumpeng sangga
langit,Arga Dumilah, Tumpeng Megono lan Tumpeng Robyong. Tumpeng kebak ing
simbol kang nggambaraké makna kauripan. Tumpeng robyong asring dienggo dadi
sarana upacara Slametan (Tasyakuran). Tumpeng Robyong dadi simbol keslametan,
kasuburan lan kasejahteraan. Tumpeng kang bentukke kaya Gunung nggambarake
kamakmuran kang langgeng. Banyu kang mili saka gunung bakal nguripi
tanduran-tanduran. Tanduran kang bentuké ribyong diarani semi utawa semen kang
tegese uri lan thukul ngrembaka.
Sega tumpeng biyasané dadi hidangan
istiméwa ing acara-acara penting. Carané gawé tumpeng kang énak yaiku.
Campur beras ketan putih, ing beras
supaya sega tumpeng bisa pulen lan gampang dicithak.
Rendhem campuran beras, supaya cepet mateng lan hasilé apik, banjur kukus nganti mateng,
Beras kang wis dikukud banjur dilebokaké ing santen kang wis umum, banjur diwénéhi godhong salam utawa godhong pandan lan uyah, masak nganti santen asat. Supaya sega tumpeng bisa katon kuning, campuri seséndhok makan banyu jeruk nipis lan santen.
Santen dimasak dhisik supaya sega tumpeng ora cepet mambu.
Supaya tumpeng bisa alus, sawisé beras mateng, ajo diudheg-udheg maneh, diademké ing panci tutupan, banjur kukus nganti garing lan mateng.
Hiyasan kanggo tumpeng bisa nganggo garnish saka wortel, péterséli, bengkuang, cabai merah, tomat, atau sayuran kacang panjang, buncis.
Tumpeng biasa disuguhaké ing sadhuwuring tampah (wadhah tradhisional) lan ditataki godhong gedhang.
Tumpeng iki dadi tradhisi suguhan kang digunakake jroning upacara kang asipat kasedhihan utawa gumbira.
Sawetara sumber nyebutaké manawa jaman mbiyèn tumpeng mesthi disuguhakèè saka sega putih. Sega putih lan lawuh jroning tumpeng iku ngandhut makna, yaiku sega putih kang wujude kaya gunungan utawa kerucut iku nglambangaké tangan kang nyembah mring Pangeran. Sega putih uga nglambangké samubarang kalir kang dipangan, dadi getih lan daging kudu dipilih saka sumber kang resik lan halal. Wujud gunungan iku uga bisa ditegesi minangka pangajab supaya karaharjaning urip manungsa sansaya munggah lan dhuwur.
tumpeng utawa inthuk-inthuk iku ngandhut piwulang luhur, yaiku pangajabe manungsa marang kuwasaning Pangéran. Jroning uripe manungsa ing donya iku ana trape, kaya kang kagambar ing tumpeng.
Sanajan wujudé kerucut, sajané tumpeng iku kapara dadi telung trap. Ngisor dhewe, tengah lan pucukan utawa dhuwur dhewe. Kabeh ngandhut piwulang. Perangan paling ngisor dhewe kang dipasangi gudhangan lan jajanan iku dadi gegambaraning donyané manungsa. Dene trap kaloro utawa tengah iku dadi sarana meneping rasa manungsa kanggo nuju kasampurnan. Dene pucuk dhewe dadi simbul pangajabé manungsa mring Gusti kanggo nggayuh kabahagyan hakiki. Yaiku kang diarani ilmu sangkan paraning dumadi ana ing pucukan tumpeng kuwi. Mula ing pucukan ditancepi lombok abang ngacung jejeg. Iku kanggo pepeling supaya manungsa kudu tansah eling marang Kang Maha Tunggal, Jaman mbiyèn, sesepuh kang mimpin donga slametan lumrahe bakal ngudhar dhisik makna kang kakandhut jroning suguhan tumpeng. Kanthi cara kang mangkono iku wong kang meélu slametan bakal mangerteni makna tumpeng lan antuk wedharan kang arupa piwulang urip sarta pepeling.