Thursday, May 24, 2012

Opor ayam, masakan sing wis misuwur ing Indonesia

Opor ayam
 masakan sing wis misuwur ing Indonesia. Opor ayam sejatiné masakan khas Jawa Tengah lan Jawa Wetan, nanging wis dikenal ing daerah liya ing Indonesia. Opor ayam sejatiné yaiku ayam sing di godhog lan diwenehi bumbu kenthel saka santen ditambah bumbu-bumbu kayata sere, kencur, lan liya-liyané. Ing tradisi Jawa, yen dina riyaya biasané ana opor ayam, kupat, lan sambel goreng ati. Sakliyane gawe lawuh opor ayam, uga bisa gawé bubur opor ayam, biasane kanggo panganan balita

Cara nggawe, Resiki ayam banjur diiris-iris sedeng, Parut klapa lan peres dadi santen kentel, sisihake.
Ulek brambang 10, bawang 3 siung, kemiri 5, setengah sendok tumbar, 1/4 sendok jinten, 1/4 sendok merica, 1cm laos, salam rong lembar, sere 1, setengah sendok gula abang, uyah sacukupe,  Bumbu sing wis diulek banjur digongso nganti kuning
Santen dicemplungake, banjur ayam sing wis diiris-iris dicemplungake, Enteni mateng, uguhna karo kupat utawa sega

No comments:

Post a Comment