Thursday, May 24, 2012

jangan lodeh, sing marakno ngangeni omah lan urip sakduluran nang ndeso

Jangan lodhèh yaiku jangan kang digawé saka janganan lan diwènèhi santen. Jangan lodhèh digawé saka bahan kacang lanjaran (basa Indonésia: kacang panjang), rebung, gori, waluh nom, lan godhong so. Jangan lodhèh luwih énak yèn didhahar bebarengan karo lawuh témpé goreng lan krupuk urang.
Carané nggawé jangan lodhèh, brambang, bawang, uyah, kulit jeruk purut, kemiri, ketumbar, lan kencur diuleg nganti alus. bumbu mau banjur diosèng.
wènèhi banyu kira-kira setengah liter, janganan gori, dientèni saumuban.
banjur wènèhi santen, jangan mau, godhong salam, lan gula Jawa. Entèni saumuban.
jangan lodhèh wis siyap didhahar.






No comments:

Post a Comment