Thursday, May 24, 2012

sego pecel, sarapan ojo lali dipincuk karo godong gedhang, luwih anget ngepul-ngepul

Sega pecel iku masakan saka Jawa arupa segakanthi lawuh pecel, Janganan sing dianggo biasané dumadi saka kangkung utawa bayem, kacang lanjaran, godhong téla, godhong katès, lan ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan kadhangkala ditambahi kembang turi lan wiji lamtara (mlandhing). Sega pecel biasa ditambahi lawuh témpé gorèng utawa krupuk. 
Sing misuwur lan umum ditemoni iku sega pecel versi Pecel Madhiun, nanging akèh uga versi liyané sing sumebar ing tlatah Indonésia kayata ing Blora, Kudus, Banyumas, Tegal, Tulungagung, Kedhiri, magetan, banyuwangi, ano sing mangan sego pecel, neng setasiun, koyo neng bojonegoro, cepu, sakwetawis kereto mlebu menyang sawijine stasiun, akeh bakule sego pecel lan sego campur, nawake dagangane kuwi, paro penumpang kerato sepur akeh sing mudhun lan sak banjure mangan ono emperan lan peron setasiun,  utawa pesen lan tuku ono njero gerbong, waah enake pool, opo maneh sego pecel ditumpuk rempeyek remuk, suwiran dendeng opo ayam goreng, lan dibungkus karo godong ghedang apo godong jati, semerbak wangine sego anget lan godong ndadi mangane rak uwis uwis nambah terus, mak sreng lan maknyuus tenan.
 Ing kutha Semarang, yaiku ing saubengé Simpang Lima, ana bakul sega pecel 'mBok Sadhor' sing dodolané mung ing wayah soré. Sega pecelé ditambahi pilihan lawuh antara liya kéyong (escargot), martabak, lan lawuh sing umum liyané kaya témpé gorèng utawa krupuk. Ing tlatah Ngayogyakarta panganan sega pecel iki misuwur kanthi jeneng cekakan 'SGPC' sing maknané ya 'sega pecel'.

No comments:

Post a Comment