Sunday, May 20, 2012

suroboyo, kutha sing dadi sejarah


Jeneng Surabaya wiwit ana nalika jaman kraton Majapahit.  Jeneng Surabaya kadapuk saka rong ukara yaiku Sura lan Baya.Simbol iki sejatiné kanggo nggambaraké prastawa héroik sing naté kadadéyan ing Ujung Galuh, yaiku prastawa perang antarané tentara Radén Widjaja klawan tentara Tar Tar nalika surya kaping 31 Mei 1293. Awit saka iku tanggal kasebut dadi tanggal lairé kutha Surabaya.  Purwakané Surabaya iku awujud padésan ing pinggir kali.jeneng – jeneng désa sing isih dienggo nganti tekan saiki kayata Kaliasin, Kaliwaron, Kalidami, Kétabangkali, Kalikepiting, Darmokali, lan sakpituruté minangka wujud kang bisa njlentrehaké menawa Surabaya iku papan kang sugih banyu lan kali
Kutha Surabaya
ibu kutha provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Jembar wewengkon kutha iki ± 274,06 km². Kutha iki kalebu kutha gedhé urutan nomer loro sakwisé Jakarta, nanging yèn Jakarta dipérang miturut wilayah administasi yaiku Jakarta Pusat, Jakarta Lor, Jakarta Kidul, Jakarta Wétan, Jakarta Kulon lan Kapuloan Seribu, yèn Surabaya ora dipérang. Mulanè Surabaya banjur dadi kutha sing paling gedhé sak Indonésia. Surabaya uga dadi panggonan kumpul para sudagar kawasan sisih wétan Indonésia.

. Surabaya dadi jalur patémonan antarané wong ing alas Jawa klawan wong njaba, amarga Surabaya dumunung ing pinggir segara. Taun 1612 Surabaya dadi pusat dagang. Akéh prau kang labuh ing kali Kalimas tumuju plosok Surabaya.  Kutha Surabaya uga duwé gegayutan karo révolusi kamardikan Indonésia.  Wiwit jajahan Walanda uga Jepang, Arék Surabaya perang kanggo ngrebut kamardikan Indonésia. . Prastawa mau kadadeyan nganti tekan tanggal 10 Novémber 1945, Arék Surabaya kasil nguwasani Hotél Oranye (saiki Hotél Majapahit) kang nalika iku dadi simbol kolonialisme. Awit saka iku sepréné tanggal 10 Novémber dianakaké upacara kanggo mèngeti dina Pahlawan. Ora mung iku, barang - barang tilas jajahan uga isih katon ing kutha Surabaya mawi bangunan - bangunan kuno.

No comments:

Post a Comment