Sunday, May 20, 2012

Kudus, kutha kretek, kutha jenang, kutha wali,

Kudus, kutha kretek, kutha jenang, kutha wali,
Kudus, kuwi kabupaten ing Provinsi Jawa Tengah. Ibukuthane yaiku Kudus, manggon ing jalur pantai utara timur Jawa Tengah PANTURA, yaiku manggon ing antarane (Semarang-Surabaya). Manggon ing 51 km saka wetane Kota Semarang. Kabupaten ini duweni wates karo Kabupaten Pati ing sawetane, Kabupaten Grobogan dan Kabupaten Demak ing sakidule, sarta Kabupaten Jepara ing sisih kulone.


Kudus kuwi kutha kang misuwur rokok kretek kang gedhe ing Jawa Tengah. Saliyane kuwi Kudus uga misuwur kutha santri, kutha iki uga dadi pusat kembange agama Islam ana ing abad pertengahan, kuwi bisa dingerteni saka loro makam wali/sunan yaiku Sunan Kudus dan Sunan Muria.


 Sabagian gedhe ing wilayah Kabupaten Kudus kuwi dataran rendah. Sabagian wilayah ana salore ana gunung kang arane (Gunung Muria), kanthi puncak kang aran Gunung Saptorenggo kang dhuwure (1.602 meter), saliyane kuwi uga ana Gunung Rahtawu (1.522 meter), lan Gunung Argojembangan (1.410 meter). Kali kang gedhe yaiku Kali Serang kang jalure mangulon, mbatesi anatarne Kabupaten Kudus karo Kabupaten Demak.
Perkembangan perekonomian ing kutha Kudus kuwi duweni pengaruh kang gedhe ing industri bangsa kitha Indonesia. Ing anatrane ana perusahaan industri kang gedhe yaiku PT. Djarum, PT. Petra, PR. Sukun, PT. Nojorono. PT.Hartono Istana Electronic (d/h Polytron), PT. Pura, PT. Kudos, lan akeh ewonan perusahaan industri kecil lan menengah kang kasebar ing sakabehe wilayah Kudus
.

Masjid Menara Kudus kang digawe ing abad ke-16, bangunan iki duweni arsitektur Jawa, Hindu, lan Islam.
Makam Sunan Kudus (di kutha Kudus) mangulon saka alun-alun simpang tujuh yaiku salah sijine walisanga (penyebar agama Islam di tanah Jawa)
Makam Sunan Muria (ing daerah Colo Kecamatan Dawe). Uga salah sijine walisanga (penyebar agama Islam di tanah Jawa)

No comments:

Post a Comment