Thursday, May 31, 2012

jathilan, penariné miguna aké jaran képang, tarian iki ana unsur magisé amarga panariné bisa ana sing kesurupan

Jathilan

tarian tradhisional Jawa sing pemainé utawa penariné miguna aké jaran képang utowo jaranan yoiku ebleg soko gedheg kang wujud gambare jaran. Tarian iki ana unsur magisé amarga panariné bisa ana sing kesurupan. Tarian iki digelar kanthi iringan manéka alat musik gamelan kayata: kendhang, saron lan gong. Jeneng tarian iki béda-béda ing sawetara panggonan. Ing tlatah Banyumas diarani 'ebeg', ing sawetara panggonan ing Jawa Tengah diarani 'jaran képang'. Tarian jathilan iki ugo bisa madeg dhéwé lan bisa uga arupa gabungan karo tarian liya kayadéné réyog lan barongan. 

Sadurungé tarian iki biasa diwiwiti nganggo tetabuhan gamelan arupa: kendhang, bendhé lan kecer , sarta lawakan utawa dhagelan Penthul (Bancak) lan Tembem (Doyok). Ing sèsi pungkasan kerep ana penari sing nganti ngancik trance (kaya kesurupan).  Saliyan kanggo hiburan, tari jathilan uga biasa dianggo prosèsi ritual budaya mistis kayadéné tradhisi tolak bala ing pèrèng kidul lan kulon soko Gunung Merapi
Panari jathilan disandhangi werna-werna. Ana raja, prajurit, buta, anoman, barongan, lan penthul. Raja lan prajurit migunaaké jaran képang. Anoman ing jathilan ora mung wujud kethek putih nanging ana uga sing ijo lan abang. kejaba iku penari uga ana sing nganngo properti arupa pecut utawa cethen.

No comments:

Post a Comment