Thursday, May 31, 2012

gethuk soko telho, ono gethuk lindri, ono gethuk goreng


Gethuk ana kang digawe saka tela, puhung (singkong) rasane uga bisa werna-werna. Ana sing rasa keju, coklat, vanila, stroberi. Saliyane iki ana uga gethuk lapis, tegese gethuk kang rasane werna-werna lan didadekake siji, Umpamane gethuk lapis rasa coklat, vanila lan stroberi. ketelo utowo singkong kang dipilih kudune kang mempur lan ora njarot, ora ketuwan lan ora bongkreken,  Gethuk iku panganan sing gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan, sijine kutha sing misuwur olahane gethuk yoiku kutha magelang, ajo lali gethuk lindri ne, sing aneko warno, demenakee, ono ugo gethuk pisang, gethuk keju, 

Bahan sing diperlokaké kanggo nggawé gethuk iku: Puhung (tela, singkong), Uyah,Gula pasir / Gula jawa, godong pandan, Klapa diparut, godhong pisang, 
Yèn kepengin olèh gethuk sing warnané putih sabeciké nganggo gula pasir, kanggo sing warnané abang, sabeciké nganggo gula jawa banjur yèn kepengin warna ijo bisa nganggo peresan godhong suji utowo godong pandan, 
Pohong dioncèki kulité, banjur dikumbah resik lan diiris-iris,ngodhogen puhung/tela, nganti mateng, angin-anginen nganti kukusé ilang, banjur campuren olahan puhung kang wis mateng,  uyah sithik - gula. Lumaten nganti lembut.
Wèhana bahan pawarna yèn seneng.
Sajèkna anget-anget karo parutan klapa sing ditawuraké ing ndhuwuré.
Gethuk biasané disajèkaké kanggo cemilan karo ngombé tèh. Salah sijining variasi gethuk iku carané karo digorèng. ing daerah purwokerto/ banyumas, ono kutho sokaraja, sing akeh kawulane dodolan lan nggawe jajanan gethuk goreng, lan misuwur raso enak lan gurihe,  wis taa gandem marem rasane.

No comments:

Post a Comment