Monday, May 28, 2012

bali, kebak budoyo, olah seni lan pariwisoto,

Tari Pendet yaiku tari saka Bali. Tari Pendet asal mulane yaiku tari pemujaan kang akeh dilakokake ing pura, panggonan ibadah umat Hindhu ing Bali , Indonesia. Tarian iki nglambangake mudune dewa-dewa ing donya. 
Pendet yaiku kalebu tarian kang digunakake kanggo pamuja utawa kalebu tarian upacara. Tari pendet bisa ditarikake dening kabeh wong, amarga tarian iki gampang dipelajari lan ora perlu latihan kang intensif.
Tarian iki diajarake namung ngetutke obahing awak... Para wanita kang isih nom-nom pada ngetutake gerakan tari pendet saka wanita kang wis bisa nari pendet.

Tari kang dilakokake dening para wanita iki duweni pola gerakan kang luwih luwes dibandingke karo Tari Rejang kang dilakokake berkelompok utawa pasangan. Biasane tari pendet ditarikake sakwise Tari Rejang ing ngarep pura lan biasane ngadep ing arah suci (pelinggih) nganggo pakaian upacara lan para penari karo gawa sangku, kendhi, cawan, lan kalengkapan sesajen liyane.
Tari pendet dadi sorotan media Indonesia amarga tari pendet kang asale saka inodesia kuwi muncul ana ing program televisi Enigmatic Malaysia Discovery Channel. Miturut pemerintah Malaysia, dheweke ora tanggung jawab karo iklan kuwi amarga iklan kuwi digawe dening Discovery Channel Singapura.

No comments:

Post a Comment