Monday, May 28, 2012

maduro, sego jagung, segoro uyah, lan karapan sapi

Pulo Madura panggonané ana ing wetané Pulo Jawa. Dawane mila saka pojok kulon lan pojok wétan bisa diliwati 5 jam nganggo kendaraan. Pulo iki jembaré ana 5.250 km2 (luwih cilik sethithik ketimbang Pulo Bali) lan cacahé pedunung ana 3,5 yuta jiwa. Pulo iki kahanané rada gersang, gunung kapur lan tegalan. Yen ing wetané rada subur lan bisa ditanduri. Wong Madura minangka ètnis sing populasiné cukup akèh ing Indonésia, cacahé watara 20 yuta jiwa, asal sakai Pulo Madura lan pulo-pulo saubengé kaya Gili Raja, Sapudi, Raas, lan Kangean. Saliyané iku, wong Madura akèh uga sing manggon ing tlatah wétan Jawa Wétan sing biasa disebut wilayah Tapal Kuda, ya iku wiwit saka Pasuruan nganti tekan saloré Banyuwangi.
Sacara pulitis, Madura jroning maabad-abad wis dadi subordinat dhaérah kakuwasan sing munjer ing Pulo Jawa. Watara taun 900-1500, pulo iki ana ing sangisoré pengaruh kakuwasan krajan Hindhu Jawa wétan kaya Kedhiri, Singhasari, lan Majapait. Ing antara taun 1500 lan 1624, para panguwasa Madura gumantung marang krajan-krajan Islam ing pesisir lor Jawa kaya Demak, Gresik, lan Surabaya. Ing taun 1624, Madura ditaklukaké déning Mataram. Sawisé kuwi, ing paro pisanan abad kawolulas Madura ana ing sangisoré kakuwasan kolonial Walanda (wiwit 1882), wiwitané déning VOC, banjur déning pamaréntah Hindhia-Walanda. Nalika jaman pamérangan provinsi ing taun 1920-an, Madura dadi bagéan saka provinsi Jawa Wétan.

No comments:

Post a Comment