Thursday, May 31, 2012

Tum­peng iki da­di tra­dhi­si su­guh­an kang di­gu­na­ka­ke jro­ning upa­ca­ra


Tumpeng yaiku sega kang bentuké kerucut kanthi werna-werna lauk pauk. Tumpeng dihidangké ing tampah kang arupa nampan gedhé, bunder, saka anyaman pring. Tumpeng biyasané dienggo ing upacara tradisional. Tumpeng ing ritual Jawa ana macem-macem jinisé, ana tumpeng sangga langit,Arga Dumilah, Tumpeng Megono lan Tumpeng Robyong. Tumpeng kebak ing simbol kang nggambaraké makna kauripan. Tumpeng robyong asring dienggo dadi sarana upacara Slametan (Tasyakuran). Tumpeng Robyong dadi simbol keslametan, kasuburan lan kasejahteraan. Tumpeng kang bentukke kaya Gunung nggambarake kamakmuran kang langgeng. Banyu kang mili saka gunung bakal nguripi tanduran-tanduran. Tanduran kang bentuké ribyong diarani semi utawa semen kang tegese uri lan thukul ngrembaka.
Sega tumpeng biyasané dadi hidangan istiméwa ing acara-acara penting. Carané gawé tumpeng kang énak yaiku.
Campur beras ketan putih, ing beras supaya sega tumpeng bisa pulen lan gampang dicithak.
Rendhem campuran beras, supaya cepet mateng lan hasilé apik, banjur kukus nganti mateng,
Beras kang wis dikukud banjur dilebokaké ing santen kang wis umum, banjur diwénéhi godhong salam utawa godhong pandan lan uyah, masak nganti santen asat. Supaya sega tumpeng bisa katon kuning, campuri seséndhok makan banyu jeruk nipis lan santen.
Santen dimasak dhisik supaya sega tumpeng ora cepet mambu.
Supaya tumpeng bisa alus, sawisé beras mateng, ajo diudheg-udheg maneh, diademké ing panci tutupan, banjur kukus nganti garing lan mateng.
Hiyasan kanggo tumpeng bisa nganggo garnish saka wortel, péterséli, bengkuang, cabai merah, tomat, atau sayuran kacang panjang, buncis.
Tumpeng biasa disuguhaké ing sadhuwuring tampah (wadhah tradhisional) lan ditataki godhong gedhang.

Tum­peng iki da­di tra­dhi­si su­guh­an kang di­gu­na­ka­ke jro­ning upa­ca­ra kang asi­pat ka­se­dhih­an ut­awa gum­bi­ra.
Sa­we­ta­ra sum­ber nye­bu­ta­ké ma­na­wa ja­man mbi­yèn tum­peng mes­thi di­su­gu­ha­kèè sa­ka se­ga pu­tih. Se­ga pu­tih lan la­wuh jro­ning tum­peng iku ngan­dhut mak­na, yai­ku se­ga pu­tih kang wu­ju­de ka­ya gu­nung­an utawa ke­ru­cut iku nglam­ba­nga­ké ta­ngan kang nyem­bah mring Pa­nge­ran. Se­ga pu­tih uga nglam­bang­ké sa­mu­ba­rang ka­lir kang di­pa­ngan, da­di ge­tih lan da­ging ku­du di­pi­lih sa­ka sum­ber kang re­sik lan ha­lal. Wu­jud gu­nung­an iku uga bi­sa di­te­ge­si mi­nang­ka pa­nga­jab su­pa­ya ka­ra­har­ja­ning urip ma­nung­sa san­sa­ya mung­gah lan dhu­wur.
tum­peng ut­awa in­thuk-in­thuk iku ngan­dhut pi­wu­lang lu­hur, yaiku pa­nga­ja­be ma­nung­sa ma­rang ku­was­aning Pa­ngéran. Jro­ning uri­pe ma­nung­sa ing do­nya iku ana tra­pe, ka­ya kang ka­gam­bar ing tum­peng.
Sa­na­jan wu­ju­dé ke­ru­cut, sa­ja­né tum­peng iku ka­pa­ra da­di te­lung trap. Ngi­sor dhe­we, te­ngah lan pu­cu­kan ut­awa dhu­wur dhe­we. Ka­beh ngan­dhut pi­wu­lang. Pe­rang­an pa­ling ngi­sor dhe­we kang di­pa­sa­ngi gu­dha­ngan lan ja­jan­an iku da­di ge­gam­ba­ra­ning do­nya­né ma­nung­sa. De­ne trap ka­lo­ro utawa te­ngah iku da­di sa­ra­na me­ne­ping ra­sa ma­nung­sa kang­go nu­ju ka­sam­purn­an. De­ne pu­cuk dhe­we da­di sim­bul pa­nga­ja­bé ma­nung­sa mring Gus­ti kang­go ngga­yuh ka­ba­ha­gyan ha­ki­ki. Yai­ku kang di­ara­ni il­mu sang­kan pa­ra­ning du­ma­di ana ing pu­cukan tum­peng ku­wi. Mu­la ing pu­cu­kan di­tan­ce­pi lom­bok abang nga­cung je­jeg. Iku kang­go pe­pe­ling su­pa­ya ma­nung­sa ku­du tan­sah eling ma­rang Kang Ma­ha Tung­gal, Ja­man mbi­yèn, se­se­puh kang mim­pin do­nga sla­me­tan lum­ra­he ba­kal ngu­dhar dhi­sik mak­na kang ka­kan­dhut jro­ning su­guh­an tum­peng. Kan­thi ca­ra kang mang­ko­no iku wong kang meélu sla­me­tan ba­kal ma­nger­teni mak­na tum­peng lan an­tuk we­dha­ran kang aru­pa pi­wu­lang urip sar­ta pe­pe­ling.

No comments:

Post a Comment